Kongres Basa Jawa V (KBJ V)

PANGLELURI  BASA LAN DIALEK JAWA

Kisyani-Laksono, Unesa (KBJ V, 27–30 Nov 2011)

Basa Jawa  kalebu kulawarga  basa Austronesian lan Malayu Polinesian. Ing urutan akehe panganggo, basa Jawa kalebu urutan nomer 11—13 ing donya kanthi  cacah wolungpuluh lima yuta (85 yuta) (cf. Grimes, 2010; http://en. wikipedia.org/wiki/List_of_languages_by_number_of_native_speakers). Nanging sanajan sing nganggo akeh ora ateges nuduhake yen basa Jawa bakal lestari. Lestarine basa iku luwih ditemtokake dening sikap generasi paneruse.  Salah sijining sebab cures utawa matine basa, yaiku yen basa iku disikapi negatif lan ditinggalke dening panganggone jalaran WEDI KLERU, kepeksa, utawa jalaran basa liya dianggep luwih maju/modern.

Pasurujukane para linguis Jerman taun 2000 nyebutake ana urut-urutan  sing kelakon ing basa kang cures  utawa meh ilang/meh mati (Mahsun, 2004), yaiku:

a.   Gawat Banget (sangat kritis)

Panganggone thithik banget, kabeh umure sandhuwure 70 taun.

b.   Kancam Banget (sangat terancam)

Kabeh panganggone umur sandhuwure 40 taun.

c.   Kancam (terancam)

Kabeh  panganggone saknduwure 20 taun.

d.   Saya Cures (mengalami kemunduran)

Sabageyan panganggone bocah lan wong tuwa.

e.   Lerem lan Mantep, nanging Kancam Cures (stabil dan mantap, tetapi terancam punah)

Penganggone bocah-bocah lan wong tuwa, nanging gunggunge sethithik.

f.    aman

Disinaoni lan dinggo kabeh bocah lan kabeh wong ing etnis iku.

Peprincen kasebut pancen luwih abot ing etungan kuantitatif, nanging saora-orane peprincen iku bisa dadi salah siwijining pandom kanggo nlesih kahanane basa lan bisa dadi salah siwijining kaca benggala kanggo ndeleng kahanane basa sing didarbeni lan dinggo saben dina.

Saliyane iku, basa bisa mlebu kategori aman yen disinaoni lan dinggo kabeh bocah lan kabeh wong ing etnis kasebut (kalebu basa Jawa lan etnis Jawa). Mula saka iku, makalah iki arep njingglengi bab pamanthane dialek Jawa (nuduhake akehing dialek lan akehing panganggone basa Jawa kang sumebar ing nuswantara lan manca negara), pasinaon basa Jawa, lan bausastra Jawa kang ana kanggo sarana pasinaon lan pangleluri basa Jawa.

A. PAMANTHANE DIALEK-DIALEK  JAWA

Basa Jawa kalebu basa sing tanah asale ana Pulo Jawa. Panganggone kalebu akeh. Ing taun 2010, panganggo basa Jawa kira-kira 85.000.000 jiwa. Ing Pulo Jawa, basa Jawa dinggo etnis Jawa sing ana ing Provinsi Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta, Jawa Timur, Jawa Barat, lan Banten. Kajaba dinggo ing Pulo Jawa, basa Jawa uga duwe sebaran ana ing wilayah Indonesia kaya dene NAD, Sumatra Selatan, Sumatra Utara, Jambi, Bengkulu, Lampung, Jawa, NTB, Kalimantan Timur, Kalimantan Selatan,Sulawesi Tenggara.  Kajaba iku, ana negara manca, basa Jawa uga dinggo ing Suriname lan Noumea (New Caledonia).

Miturut Pusat Bahasa (2008)—kanthi dhasar etungan dialektometri–basa Jawa ing Provinsi Nangro Aceh Darussalam kaperang dadi patang dialek, yaiku (1) dialek Sidorejo dinggo ing  Desa Sidorejo, Kecamatan Gunung Meriah, Kabupaten Aceh Singkil; (2) dialek Bukit Pidie dinggo ing Desa Bukit Pidie, Kecamatan Paya Bakong, Kabupaten Aceh Utara; (3) Alue Ie Itam dinggo ing Desa Alue Ie Itam, Kecamatan Indra Makmur, Kabupaten Aceh Timur; (4) dialek Purwodadi dinggo ing Desa Purwodadi, Kecamatan Kuala, Kabupaten Nagan Raya.

Basa Jawa ing Provinsi Sumatera Selatan kaperang dadi telung dialek, yaiku (1) dialek Makarti Jaya, (2) dialek Penyandingan dinggo ing Desa Penyandingan, Kecamatan Babat Toman, Kabupaten Ogan Komering Ulu (OKU) lan Desa Sebubus, Kecamatan Banyuasin I, Kabupaten Musi Banyuasin (Muba);  (2) dialek Gelebak Dalam Sebubus dinggo ing Desa Gelebak Dalam, Kecamatan Banyuasin I, Kabupaten Musi Banyuasin.

Basa Jawa ing Provinsi Sumatra Utara kaperang dadi sangang dialek, yaiku (1) dialek Bukit Mas dinggo ing Desa Bukit Mas, Kecamatan Besitang, Kabupaten Langkat; (2) dialek Sengon Sari ing Desa Sengon Sari, Kecamatan Pulo Rakyat, Kabupaten Asahan; (3) dialek Buntu Pane ing Desa Buntu Pane, Kecamatan Buntu Pane, Kabupaten Asahan; (4) dialek Kampung Pajak ing Desa Kampung Pajak, Kecamatan NA IX-X, Kabupaten Labuhan Batu; (5) dialek Wonosari ing Desa Wonosari, Kecamatan Tanjung Morawa, Kabupaten Deli Serdang; (6) dialek Tuntungan I ing Desa Tuntungan I, Kecamatan Pancur Batu, Kabupaten Deli Serdang; (7) dialek Naga Kesiangan ing Desa Naga Kesiangan, Kecamatan Tebing Tinggi, Kabupaten Deli Serdang; (8) dialek masing ing Desa Masing, Kecamatan Bosar Maligas, Kabupaten Simalungun; lan (9) dialek Muka Pasing ing Desa Muka Raya, Kecamatan Hinai, Kabupaten Langkat.

Basa Jawa sing dinggo ing  Provinsi Jambi kaperang dadi patang dialek, yaiku  (1) dialek Senyerang sing dinggo ing  Desa Senyerang, Kecamatan Pangabuan, Kabupaten Tanjung Jabung Barat, (2) dialek Rantau Jaya dinggo ing  Desa Rantau Jaya, Kecamatan Rantau Rasau, Kabupaten Jabung Timur, (3) dialek Pematang Kancil dinggo ing  Desa Pematang Kancil, Kecamatan Pemenang, Kabupaten Sarolangun, lan (4) dialek Semaranlan dinggo ingDesa Semaran, Kecamatan Pauh, Kabupaten Sorolangun.

Basa Jawa ing Provinsi Bengkulu kalebu dialek kang saemper karo basa Jawa ing Solo-Yogya. Dialek Bengkulu iki sumebar ing Desa Tunggang, Kecamatan Lebong Utara, Kabupaten Rejang Lebong; Desa Senyerang, Kecamatan Pangabuan, Kabupaten Tanjab Barat; Desa Rantau Jaya, Kecamatan Rantau Rasau, Kabupaten Tanjab Timur; Desa Pematang Kancil, Kecamatan Pemenang, Kabupaten Sarolangun; lan Desa Semaaran, Kecamatan Pauh, Kabupaten Sarolangun.

Basa Jawa ing Provinsi Lampung kalebu dialek kang uga saemper karo basa Jawa ing Solo-Yogya lan kasebar ing Desa Sridadi, Kecamatan Wonosobo, Kabupaten Tanggamus; Desa Rawi, Kecamatan Penengahan, Kabupaten Lampung Selatan; Desa Bumi Nabung, Kecamatan Bumi Nabung, Kabupaten Lampung Tengah; Desa Sambikerto, Kecamatan Sekampung, Kabupaten Lampung Timur; Desa Kelaten, Kecamatan Penengahan, Kabupaten Lampung Selatan; Desa Tugu Sari, Kecamatan Sumber Jaya, Kabupaten Lampung Barat; Desa Bali Sadar Tengah, Kecamatan Banjit, Kabupaten Way Kanan; Desa Rejo Basuki, Kecamatan Seputih Raman, Kabupaten Lampung Tengah; Desa Cimarias, Kecamatan Bangun Rejo, Kabupaten Lampung Tengah; Desa Sididadi, Kecamatan Way Tenong, Kabupaten Lampung Barat.

Basa Jawa sing dinggo ing Provinsi Jawa Tengah kaperang dadi limang dialek, yaiku (1) dialek Yogyakarta-Surakarta, (2) dialek Pekalongan, (3) dialek Wonosobo, (4) dialek Banyumas, lan(5) dialek Tegal.

Dialek Yogyakarta-Surakarta semebar ing Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta lan sumebar ing wilayah Provinsi Jawa Tengah bagian wetan sing kaperang ing eks-Karesidenan Surakarta, Karesidenan Semarang, Karesidenan Kedu, lan Karesidenan Pati.

Dialek Pekalongan dinggo ing wilayah kayadene Kabupaten Batang, Kabupaten Pekalongan, Kabupaten Pemalang.

Dialek Wonosobo dinggo ing  Kabupaten Wonosobo, kaya dene ing  Desa Wadaslintang, Kecamatan Wadaslintang lan Desa Candi Rejo, Kecamatan Mojo Tengah.

Dialek Tegal dinggo ing wilayah kaya dene ing Desa Brekat, Kecamatan Tarub, Kabupaten Tegal; Desa Tuwel, Kecamatan Bojong, Kabupaten Tegal; Desa Kersana, Kecamatan Kersana, Kabupaten Brebes.

Dialek Banyumas dinggo ing wilayah Kabupaten Cilacap, Kabupaten Banyumas, lan Kabupaten Kebumen.

Adhedasar etungan dialektometri, basa Jawa sing dinggo ing wilayah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta ditandhingake karo basa Jawa kang ana ing wilayah liyane ing Indonesia kalebu beda dialek lan beda subdialek. Basa Jawa ing Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta duwe sambungan beda dialek kayadene karo Basa Jawa ing Provinsi Riau (Kabupaten Indragirihulu), Provinsi Nangroe Aceh Darusalam, Provinsi Kalimantan Selatan, Lampung, Provinsi Jambi, Provinsi Bali (Kabupaten Buleleng), Provinsi Bengkulu (Kabupaten Rejang Lebong), Provinsi Sumatera Utara, Provinsi Nusa Tenggara Barat, lan Provinsi Sulawesi Utara. Beda subdialek diduweni dening Provinsi Sumatera Selatan lan Provinsi Kalimantan Timur.

Sabanjure, basa Jawa kang dinggo ing Provinsi Jawa Barat lan Banten kaperang dadi patang dialek, yaiku  (1) dialek Pantura, (2) dialek Cikoneng, (3) dialek Cirebon, lan (4) dialek Ciamis.

Dialek Pantura dinggo ing pesisir lor Jawa Barat lan Banten mulai saka wetan nganti kulon, yaiku  Indramayu, Tangerang, Cirebon, Karawang, Serang, Majalengka, lan Subang. Wilayah Pantura dhek emben dadi jalur ndarate laskar Mataram singarep  nyerang Belanda ing Batavia. Sisa-sisane laskar Mataram iku terus ana sing omah-omah ing pesisir lor Pulo Jawa lan nglairake Dialek Pantura.

Dialek Cikoneng dinggo  masyarakat ing  Desa Cikoneng, Kecamatan Anyar, Kabupaten Serang, Provinsi Banten.

Dialek Cirebon dinggo masyarakat ing Desa Trusmi Wetan, Kecamatan Plered, Kabupaten Cirebon, Provinsi Jawa Barat.

Dialek Ciamis dinggo ing patang daerah ing Kabupaten Ciamis, yaiku  Desa Ratawangi, Kecamatan Banjarsari; Desa Karangcengek, Kecamatan Pamarican; Desa Sukanagara, Kecamatan Lakbok;Desa Mekarharja, Kecamatan Purwaharja. Kelompok sing nganggo dialek Ciamis iki beda karo kelompok sing nganggobasa Jawa ing wilayah Pantura.

Basa Jawa sing dinggo ana Provinsi Jawa Timur kaperang dadi patang dialek, yaiku (1) dialek Jawa Timur, (2) dialek Osing, (3) dialek Tengger, (4) dialek Solo-Yogya. Dialek Jawa Timur sumebar ing cedhake Surabaya, terus ngetan tekan Jember, ngalor nganti Malang, lan ngulon tekan Bojonegoro. Dialek Osing dinggo ing Kabupaten Banyuwangi, mligine ing kecamatan Banyuwangi, Srono, lan Kalipuro. Dialek Tengger dinggo masyarakat Tengger kayadene ing kecamatan Sukapura. Dialek Yogya-Solo diengo masyarakat ing Madiun lan sakupenge terus ngulon nganti Jawa Tengah. Iki slaras karo panlitine Kisyani-Laksono (2004a), yen basa Jawa ing Jawa Timur bagian lor lan Blambangan kaperang dadi rong dialek, yaiku  dialek Jawa Timur lan dialek Osing, dene Tengger ing panlitene Kisyani-Laksono kalebu subdialek. Kajaba iku, ana uga sing aran anane dialek Diponggo ing Kecamatan Tambak, Pulo Bawean, Kabupaten Gresik (Dialek Diponggo ora kasebut ing buku Pusat Bahasa, 2008).

Basa Jawa sing dinggo ing Provinsi NTB kaperang dadi  telung dialek, yaiku (1) dialek Praya-Uma Sima-So Nggajah sing dinggo ing Pulo Lombok, yaiku ing Desa Praya, Kabupaten Lombok Tengah; Desa Uma Sima, Kabupaten Sumbawa; lan Desa So Nggajah, Kecamatan Kempo, Kabupaten Dompu, (2) dialek Sakra dinggo ing Desa Sakra, Kabupaten Lombok Timur, lan (3) dialek Sepayung dinggo ing Desa Sepayung, Kecamatan Plampang, Kabupaten Sumbawa.

Basa Jawa sing dinggo ing Provinsi Kalimantan Timur kaperang dadi patang dialek, yaiku  (1) dialek Segihan sing dinggo ing Desa Segihan, Kecamatan Sebulu, Kabupaten Kutai Kartanegara, (2) dialek Ponoragan sing dinggo ing Desa Ponoragan, Kecamatan Loa Kulu, Kabupaten Kutai Kartanegara, (3) dialek Kayungo sing dinggo ing Desa Kayungo, Kecamatan Long Ikis, Kabupaten Paser,(4) dialek Karang Joang sing dinggo ing Kabupaten Balikpapan, yaiku  ing Desa Lemaru, Kecamatan Balikpapan Utara lan Desa Karang Joang, Kecamatan Balikpapan Timur.

Basa Jawa sing dinggo  ing Provinsi Kalimantan Selatan kaperang dadi rong dialek, yaiku  (1) dialek Megasari sing dinggo ing Desa Megasari, Kecamatan Pulo Laut Utara, Kabupaten Kotabaru; (2) dialek Tanah Bumbu sing dinggo ing Desa Sari Mulya, Kecamatan Sungai Loban lan Desa Giri Mulya, Kecamatan Kusan Hulu, Kabupaten Tanah Bumbu.

Kajaba iku, basa Jawa uga dinggo ing Provinsi Kalimantan Timur, yaiku  ing Kabupaten Kutai Kertanegara, Pasir, lan Balikpapan.

Sabanjure, basa Jawa sing ana ing Kalimantan Timur kaperang dadi patang dialek, yaiku  (1) dialek Segihan dinggo ing Desa Segihan, Kecamatan Sebulu, Kabupaten Kutai Kertanegara; (2) dialek Ponoragan dinggo ing Desa Ponoragan, Kecamatan Loa Kulu, Kabupaten Kutai Kertanegara; (3) dialek Kayungo dinggo ing Desa Kayungo, Kecamatan Long Ikis, Kabupaten Pasir; (4) dialek Karang Joang dinggo ing Desa Lemaru, Kecamatan Balikpapan Timur lan Desa Karang Joang, Kecamatan Balikpapan Utara, loro-lorone ana ing Kabupaten Balikpapan.

Ing Provinsi Sulawesi Tenggara, dialek Jawa dinggo ing daerah-daerah transmigran, yaiku  ing Kabupaten Konawe Selatan, Kabupaten Konawe, Kabupaten Kolaka, Kabupaten Muna, Kabupaten Buton, lan Kabupaten Bombana. Penduduk daerah iku asale saka  Provinsi Jawa Timur, Jawa Tengah, lan Yogyakarta. Ing  daerah sebaran basa Jawa iku ana uga basa penduduk asli, yaiku basa Muna (ing Kabupaten Muna),  basa Tolaki (ing Kabupaten Konawe Selatan), lan basa pendatang liyane, yaiku  Sunda lan Bali (ing Kabupaten Konawe Selatan)

Basa Jawa sing ana ing Provinsi Nusa Tenggara Barat kaperang dadi telung  dialek, yaiku  (1) dialek Praya sing dinggo ing Desa Praya, Kabupaten Lombok Tengah; Desa Uma Sima kabupaten Sumbawa, lan Desa So Nggajah, kabupaten Dompu; (2) dialek Sakra sing dinggo ing Desa Sakra, Kabupaten Lombok Tengah; (3) dialek Sepayung sing dinggo ing Desa Sepayung, Kabupaten Sumbawa.

Katrangan ing ndhuwur bisa karingkes kaya tabel ing ngisor iki.

No

Wilayah

Dialek

Cacahe Dialek

1 NAD Sidorejo 4
Bukit Pidie
Alue Ie Itam
Purwodadi
2 Sumatra Selatan Makarti Jaya 3
Gelebak-Dalam Sebubus
Penyandingan
3 Sumatra Utara Bukit Mas 9
Sengon Sari
Buntu Pane
Kampung Pajak
Wonosari
Tuntungan
Naga Kesiangan
Mayang
Muka Payang
Jambi Senyerang 4
Rantau Jaya
Pematang Kancil
Semarandan
Bengkulu Bengkulu 1
Lampung Lampung 1
Jawa:
Jawa Barat Pantai Utara 4
Cikoneng
Cirebon
Ciamis
Jawa Tengah Pekalongan 5
Wonosobo
Banyumas
Tegal
Solo-Yogya
Jawa Timur Solo-Yogya (= Jawa Tengah) 4
Osing
Tengger
Jawa Timur
Diponggo
NTB Praya 3
Sakra
Sepayung
Kaltim Segihan 4
Ponoragan
Kayungo
Karang Joang
Kalsel Megasari 2
Tanah Bumbu
Sultra Sultra 1
45

Adhedasar tabel iku, dialek  Jawa kanthi dhasar etungan dialektometri ana 45 (cf. Pusat Bahasa. 2008). Kajaba iku, yen basa Jawa ing Noumea, New Guinea lan Suriname bisa diarani dialek, dadi ana 47 dialek  Jawa. Iki tegese, dialek Jawa sumebar ora mung ing Indonesia, nanging uga tekan negara manca.

Kajaba perangan basa Jawa dadi 47 dialek iku, miturut Wikipedia, basa Jawa  kaperang dadi  nem belas dialek, yaiku: dialek Banten, Banyumasan, Blora, Brebes, Bumiayu, Cirebon, Kedu, Madiun, Pantura  Wetan, Pekalongan, Semarang, Serang, Surabaya, Surakarta, Suriname, lan Tegal. Kajaba  iku, Osing lan Tengger dianggep dadi basa dhewe (dudu dialek, cf.  http://id.wikipedia.org/wiki). Etungan miturut Wikipedia iku ora dinggo dhasar tulisan iki amarga dhasar nemtokake dialeke ora pati cetha.

B. PASINAON DIALEK-DIALEK JAWA ING SEKOLAHAN

Pasinaon basa Jawa  ing sekolahan lumaku kanthi sarana buku ajar. Ing Jawa Tengah, kanggo tingkat SD, digunakake buku-buku “Remen Basa Jawi” (Erlangga), “Aku Bisa Basa Jawa” (Yudhistira);  tingkat SMP: “Marsudi Basa lan Sastra Jawa Anyar” (Erlangga),“Padha Bisa Basa Jawa” (Yudhistira); tingkat SMA “Kabeh Seneng Basa Jawa” (Yudhistira (SMA/SMK).Kanggo  Jawa Timur, kanggo tingkat SD dinggo buku “Pinter Basa Jawa” (Yudhistira), “Sinau Basa Jawa” (Intan Pariwara), “Tuturan Basa Jawa” (Yudhistira); tingkat SMP “Pinter Basa Jawa” (Yudhistira), “Sinau Basa Jawa” (CV Aneka Ilmu), “Widya Basa Jawa” (Erlangga). Buku kang kanggo  Jawa Tengah nganggo ketrangan “Piwulang basa Jawa Muatan lokal Wajib Jawa Tengah” lan sing kanggo  Jawa Timur nganggo keterangan  “Kacundhukaken kaliyan kurikulum basa Jawa Jawa Timur, saged kangge dhasar angrakit KTSP”. Buku ajar basa Jawa sing kanggo dialek saliyane Jawa Timur lan Jawa Tengah durung tinemu.

Kanthi luwih mligi, pasinaon sing adhedasar dialek durung akeh dileksanakake. Pasinaon basa Jawa ing sekolahan luwih becik  nganggo pathokan basa baku. Dialek pancen bisa kanggo pasinaon tambahan,  nganggo tuladha omong-omongan kekancan lan sapanunggale. Dialek sing ditulis wutuh bisa  ditulis kanthi keterangan tambahan.  Kajaba dialek geografis, sejatine luwih apik maneh yen uga ditulis babagan sing ana gandheng-cenenge karo dialek sosial kang bisa kanggo tuladha tumrap para mudha.

Sabenere babagan  basa akeh gegayutane karo pakulinan lan sikap. Pakulinan iki sesambungane karo nggunakake basa ing lingkungan tartamtu. Mula, pasinaon basa Jawa uga perlu dikuwati kanthi mulangake basa kang digunakake ing masyarakat. Buku ajar basa Jawa katone durung cukup kanggo mbendung kabeh informasi sing mlebu. Perlu ana langkah-langkah inovatif kanthi cara nggawe software  basa Jawa, media pasinaon kang nganggo  basa Jawa, lan  forum-forum diskusi sing nggunakake basa Jawa.

Satemene, pigune media sing ndungkap utawa nganggo basa Jawa uga diarep-arep. Pawarta ing radio utawa  TV sing nggunakake basa Jawa wis ana (Kisyani, 2004b), nanging durung ana TV sing siarane adhedasar basa Jawa. Koran sing nyediyakake rubrik kanggo basa Jawa uga isih langka. Koran ngendi sing wani nyediyakake separo utawa sakaca saben dina kanggo ngleluri basa Jawa? Luwih becik maneh yen basa Jawa sing ditulis  ing koran iku basa Jawa kanggo para mudha lan bocah (dialek sosial) merga golongan kasebut mengko kang dadi paneruse basa. Majalah basa Jawa sing saiki ana, pemaose akeh-akehe wis bisa diarani sepuh. Ora akeh para mudha sing isih gati marang majalah basa Jawa.

Kajaba iku, dialek Jawa ing sanjabane Pulo Jawa samesthine tetep disinaoni dening penganggone. Dadi perlu ana pasinaon basa Jawa ing sekolahan-sekolahan sing bocah-bocahe padha duwe ugeman basa ibu basa Jawa. Mula saka iku, perlu ana guru-guru basa Jawa sing bisa mulang ing daerah-daerah luwar Jawa. Kanthi cara iku, basa Jawa bisa disengkuyung lan dileluri supaya ngrembaka.

C. BAUSASTRA JAWA (KAMUS)

Bausastra (kamus) dadi salah sawijine cara kanggo angleluri basa. Kanthi anane bausastra, sawijining basa bisa disinaoni dening liyan. Kamus-kamus basa Jawa sing wis cumepak, ing antarane.

1. S. Prawiroatmojo. 1981. Bausastra Jawa-Indonesia. Jakarta: Gunung Agung.

2. Haryana Harjawiyana lan Th. Supriya. 2001. Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Kanisius.

3.  Th Pigeaud. 1938. Javaans-Nederlands: Handwoordenboek. Batavia: Groningen Batavia, Wolters.

4.  Sugiarto dkk. 1995. Kamus Indonesia-Daerah: Jawa, Bali, Sunda, Madura. Jakarta: Gramedia.

5. S.A. Mangunsuwito. 2002. Kamus Lengkap Basa Jawa. CV Krama Widya.

6.  Balai Bahasa Yogyakarta. 2001. Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa). Yogyakarta: Kanisius.

7.  Majendra Maheswara. Tanpa taun. Kamus Jawa-Indonesia, Indonesia-Jawa. Pustaka Mahardhika.

8. M. W. Kawuryan. 2011. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia, Indonesia-Jawa. Panji Pustaka.

9.  Partaatmadja, S. 1992. Kamus Praktis Jawa-Indonesia (Suripan Sadi Hutomo, Ed.). Surabaya: Yayasan Djojo Bojo

11. Poerwadarminta, W.J.S.,  1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij N.V.

12. Poerwadarminta, W.J.S.,  1948. Baoesastra Djawi-Indonesia. Djakarta: Bale Poestaka

13. Sasrasoeganda, R. 1914. Baoesastra Melajoe-Djawa. Batavia: Bale Poestaka

14. Sudaryanto, Ed. 1991. Kamus Indonesia-Jawa. Yogyakarta: Duta wacana University Press.

15. Sudaryanto lan Pranowo, Ed. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa

16. Moelyadi. Tanpa Taun. Kamus Kecil Jawa-Indonesia. Klaten: Sahabat.

Kajaba iku ana uga kamus basa Jawa kang bisa diundhuh saka internet, kaya dene: www.wakjaman.com; www.gubugreyot.com; www.goldvision.com (durung bisa); insicoico.blogspot.com; familiazam.com; http://jv.wiktionary.org.

Kajaba bausastra ana uga Direktori Kejawaen sing dianggit dening Sudaryanto dan Pranoto taun  2001 ing Yogyakarta lumantar Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa.

Kajaba kamus basa Jawa lan direktori, uga ana kamus dialek Jawa, kaya dene:

  1. Munadi Patmadiwira. 1977. Kamus Dialek Jawa Banten – Indonesia. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa.
  2. M. Djupri. Kamus Suroboyoan Indonesia. Henk Publica
  3. Kamus Dialek Tegal.
  4. Dini Lestari. 2008. Kamus Dialek Semarang. Semarang
  5. M Koderi dan Fadjar P. 1996. Kamus Dialek Banyumas-Indonesia. Purwokerto: Badan Kesenian Banyumas.

Kanggo ngrembakakake basa Jawa, kajaba bausastra, tembung-tembung ing basa Jawa pangajab uga bisa disilih lan dinggo basa liyane. Yen tembung-tembung basa Jawa disilih basa liya, ana pangarep basa Jawa bisa luwih ketrima masyarakat akeh apa maneh yen bisa ketrima masyarakat donya (Kisyani-Laksono, 2007, 2009)

Kanthi cacahe panganggo basa Jawa kang akeh lan anane bausastra elektronik basa Jawa ing laman internet, durung ateges basa Jawa bisa kalebu basa sing digatekake masyarakat ing donya. Salah sijining bukti bab iku yaiku basa Jawa nganti saiki isih durung mlebu ing mesin panjarwan (penerjemah/translater) basa googletranslate. Ing googletranslate saiki (Oktober 2011) ana 64 basa kang disuguhake, yaiku (diurut miturut abjad): Afrikaans, Albanian, Arabic, Armanian, Azerbaijani,Basque, Belarusian, Bengali, Bulgarian, Catalan, Chinese (simplified), Chinese (traditional), Croatian, Czech, Danish, Dutch, English, Estonian, Filipino, Finnish, Frenc, Galician,Georgian, German, Greek, Gujarati,Haitian Creole, Hebrew, Hindi, Hungarian,Icelandic,  Indonesia, Irish, Italian, Japanese, Kannada, Korean, Latin,  Latvinian, Lithuanian, Macedonian, Malay, Maltese, Norwegian, Persian, Polish, Portugal, Rumanian, Russian, Serbian, Slovak, Slovenia, Spanish,Swahili,  Swedish, Tamil, Telugu, Thai, Turkish, Ukrainian, Urdu, Vitenamese, Welsh, Yiddish.Albanian, Arabic, Bulgarian, Catalan, Chinese (simplified), Chinese (traditional), Croatian, Czech, Danish, Dutch, English, Estonian, Filipino, Finnish, Frenc, Galician, German, Greek, Hebrew, Hindi, Hungarian, Indonesia, Italian, Japanese, Korean, Latvinian, Lithuanian, Norwegian, Polish, Portugal, Rumanian, Russian, Serbian, Slovak, Slovenia, Spanish, Swedish, Thai, Turkish, Ukrainian, Vitenamese.”

Kamangka Asia kalebu  penganggo internet kang akeh dhewe (44%), banjur Eropa (22,7%), Afrika Utara (13%), lan sateruse.

Kajaba iku, Indonesia kalebu dadi penganggo internet nomer papat ing urutan donya (China 477 yuta, India 100 yuta, Jepang 99,2 yuta, Indonesia 39,6 yuta). Nanging penganggo ing Indonesia ora ateges nuduhake akehing penganggo basa Indonesia utawa Jawa. Urutan akehing basa kang digunakake ing internet bisa kawaca ing tabel iki (Top Ten Languages Internet Stats, 31 Mei 2011).

Top Ten Languages Used in the Web
( Number of Internet Users by Language )

TOP TEN LANGUAGES
IN THE INTERNET
Internet Users
by Language
Internet
Penetration
by Language
Growth
in Internet
(2000 – 2011)
Internet Users
% of Total
World Population
for this Language
(2011 Estimate)
English 565,004,126 43.4 % 301.4 % 26.8 % 1,302,275,670
Chinese 509,965,013 37.2 % 1,478.7 % 24.2 % 1,372,226,042
Spanish 164,968,742 39.0 % 807.4 % 7.8 % 423,085,806
Japanese 99,182,000 78.4 % 110.7 % 4.7 % 126,475,664
Portuguese 82,586,600 32.5 % 990.1 % 3.9 % 253,947,594
German 75,422,674 79.5 % 174.1 % 3.6 % 94,842,656
Arabic 65,365,400 18.8 % 2,501.2 % 3.3 % 347,002,991
French 59,779,525 17.2 % 398.2 % 3.0 % 347,932,305
Russian 59,700,000 42.8 % 1,825.8 % 3.0 % 139,390,205
Korean 39,440,000 55.2 % 107.1 % 2.0 % 71,393,343
TOP 10 LANGUAGES 1,615,957,333 36.4 % 421.2 % 82.2 % 4,442,056,069
Rest of the Languages 350,557,483 14.6 % 588.5 % 17.8 % 2,403,553,891
WORLD TOTAL 2,099,926,965 30.3 % 481.7 % 100.0 % 6,930,055,154
NOTES: (1) Top Ten Languages Internet Stats were updated for May 31 2011. (2) Internet Penetration is the ratio between the sum of Internet users speaking a language and the total population estimate that speaks that specific language. (3) The most recent Internet usage information comes from data published by Nielsen Online, International Telecommunications Union, GfK, and other reliable sources. (4) World population information comes from the U.S. Census Bureau . (5) For definitions and navigation help in several languages, see the Site Surfing Guide. (6) Stats may be cited, stating the source and establishing an active link back to Internet World Stats. Copyright © 2011, Miniwatts Marketing Group. All rights reserved worldwide.

Ing tabel iku,  basa Indonesia, basa Jawa, lan basa liya-liyane  kalebu ing itungan 14. 6%.

D. DUDUTAN

Akehe panganggo basa Jawa lan akehe dialek Jawa bisa kanggo cagak nyengkuyung lan angleluri basa Jawa. Nanging, perlu dieling-eling uga  babagan iku bener-bener migunani yen basa Jawa lan dialeke isih dinggo kanggo pakulinan saben dina. Panganggo basa Jawa bisa wae ninggalake basa Jawa utawa dialeke yen dheweke rumangsa basa Jawa ora bisa murakabi kanggo ndungkap karepe ati lan pikirane; utawa rumangsa  basa liya isih luwih bisa kanggo ndungkap karepe ati lan pikirane. Yen panganggo basa Jawa luwih percaya basa liya luwih apik, luwih duwe perbawa, lan luwih bisa kanggo ndungkap ati lan pikiran, iku tandha-tandha basa Jawa bakal lara lan cures. Mula saka iku, dialek Jawa ing Pulo Jawa lan ing sanjabane Pulo Jawa semesthine bisa terus dileluri supaya ngrembaka.

Salah sijining  cara sing manjur kanggo babagan iku, yaiku basa Jawa dinggo ing bebrayan saben dina (lesan lan tulisan) lan disinaoni ing sekolahan. Sokur-sokur yen tembung-tembunge disilih utawa dinggo basa liya. Yen basa Jawa dibutuhake kanggo sarana komunikasi saben dina ing masyarakat lan disinaoni ing sekolahan, Insya Allah basa Jawa bakal terus lestari lan ngrembaka…amin.

DAFTAR PUSTAKA

Grimes, Barbara dalam Summer Institute of Linguistics (SIL). “Geographical Linguistics”. http://www.yahoo.com. Diunduh 25 Oktober 2010.

http://www.infoplease.com/ipa/A0775272.html. “Most Widely Spoken Languages in the World”.Diunduh 1 Oktober 2011.

http://www.internetworldstats.com/stats7.htm, diunduh 4 Oktober 2011.

http://www.wikipwdia.com.  “List of Languages by Number of Native Speakers”.Diunduh 1 Oktober 2011.

http://www.googletranslate.

Kisyani-laksono.  2004b. “Pojok Kampung:  Siaran Berita Berbahasa Jawa yang Naik Daun”.  Surabaya. Dalam Simposium Internasional III Bahasa, Sastra, dan Budaya Austronesia, 19–21 Agustus 2004. Denpasar.

___________. 2004a. Bahasa Jawa di Jawa Timur Bagian Utara dan Blambangan. Jakarta: Pusat Bahasa.

__________.2009. “Bahasa Daerah di Indonesia: Meretas Jalan untuk Berrtahan Hidup dan/atau Berkembang”. Pidato Pengukuhan Guru Besar. Surabaya: Unesa Press.

———-. 2007. ”Sumbangan Kosakata Bahasa Daerah”. Dalam Seminar Bahasa-bahasa Daerah di Wilayah Indonesia Timur. Ambon.

Lasmirin, Mudoyo, lan Rudjimin. 2010. Marsudi Basa Jawa kangge Siswa   SD/MI. Surakarta: Tiga Serangkai.

Latif, Yudi dan Idi Subandy Ibrahim (Ed.).  1996. Bahasa dan Kekuasaan. Bandung: Mizan.

Mahsun. 2005. ”Indigenisasi Bahasa Sumbawa di Lombok: Proses Adaptasi Menuju Pergeseran atau Pemertahaan Bahasa?”.  Dalam Persidangan Linguistik Asian Ketiga, 29—30 November 2005. Jakarta: Pusat Bahasa.

Priyantono lan Sawukir. 2010. Marsudi Basa lan Sastra Jawa Anyar Kango SMP. Jakarta: Erlangga.

Tim Pena Guru. 2010. Remen Basa Jawi SD/MI. Jakarta: Erlangga.

Yatmana, Sudi dkk. 2009. Kabeh Seneng Basa Jawa: Sesuai Kurikulum Muatan Lokal Jawa Tengah, SMA/SMK. Semarang: Yudhistira.

Yatmana, Sudi lan Bambang Eko Istiyono. 2006. Padha Seneng Basa Jawa SMP. Semarang: Yudhistira.

Yatmana, Sudi. 2010. Aku Bisa Basa Jawa SD/MI. Semarang: Yudhistira.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: